Propellerads

Translate to your language

Showing posts with label Materi Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Materi Bahasa Jawa. Show all posts

Wednesday, May 15, 2019

Tembang Dolanan "Dhondong apa Salak" dan Maknanya

Halo apa kabar sahabat Catatan Callysta.

Kemarin, anak saya yang kelas 3 SD bertanya tembang bahasa jawa yang berjudul Dhondong apa Salak termasuk dalam tembang macapat apa dolanan. Lalu dia juga bertanya pesan apa yang terkandung dalam tembang tersebut.

Nah, pada kesempatan kali ini saya akan membahas sedikit tentang Tembang Dolanan Dhondong apa Salak dan makna yang terkandung di dalamnya. Tentu topik ini merupakan salah satu dari materi yang harus dikuasai oleh siswa pada mata pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa atau Seni Suara Jawa. Langsung saja, yuk kita simak bersama.

Tembang ing bahasa jawa kuwi cacahe ana 2, yaiku tembang macapat lan tembang dolanan. Tembang dolanan bisa ditegesi minangka tembang kang ditembangke dening bocah-bocah sainambi padha dolanan.

Tembang dolanan iku nduweni sipat kang seneng. Mula, tembang dolanan ndadheake ati bungah. Tembang dolanan bisa kanggo panglipur ati. Sakliyane iku, tembang dolanan uga ngemot piwulang kang becik.

Tembang dolanan iku kaperang dadi loro, yaiku tembang dolanan gagrak anyar lan gagrak lawas. Cirine tembang reripta gagrak anyar yaiku ora nganggo paugeran. Paugeran kasebut kayata guru lagu, guru gatra lan guru wilangan.

Tembang dolanan kadhangkala ditembangke dening waranggana. Waranggana yaiku wong kang pagaweyane nembang. Waranggana nembang ing jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Tembang dolanan lumrahe dinyanyeake dening bocah-bocah sinambi dolanan bebarengan. Nembangake tembang dolanan bisa gawe ati bungah amarga tembang dolanan nduweni sifat seneng.
Salah sawijining tulodha tembang dolanan yaiku Dhondong apa Salak

Dhondong apa Salak

Dhondong apa Salak
Dhuku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak
Mlaku thimik-thimik

Tembang Dhondong apa Salak nduwe makna kanggo tulodho urip. Tembang Dhondong apa Salak nyritakake bab buwah yaiku Dhondong lan Salak kang nduweni kulit lan isi kang beda wujude. Ateges nduweni sikap iku kudu jujur, kaya buah dhuku sing nduweni kulit lan isi alus.

Andhong iku lakune nganggo tenaga kewan, becak lakune naganggo tenaga manungsa. Dadi manungsa kudu nduweni sikap kang mandiri. Kudu iso mlaku dewe alon-alon ora gumantung marang wong liyan.

Demikianlah penjelasan singkat mengenai Tembang Dolanan Dhondong apa Salak. Semoga bermanfaat.

Thursday, January 24, 2019

Materi Bahasa Jawa : Tembang Dolanan dan Contohnya

Halo apa kabar sahabat Catatan Callysta.

Beberapa hari yang lalu, anak saya bertanya tembang dolanan itu apa. Lalu dia juga tanya contoh-contoh tembang dolanan.

Nah, pada kesempatan kali ini saya akan membahas sedikit tentang Tembang Dolanan dan Contohnya. Tentu topik ini merupakan salah satu dari materi yang harus dikuasai oleh siswa pada mata pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa atau Seni Suara Jawa. Langsung saja, yuk kita simak bersama.

Tembang ing bahasa jawa kuwi cacahe ana 2, yaiku tembang macapat lan tembang dolanan. Tembang dolanan bisa ditegesi minangka tembang kang ditembangke dening bocah-bocah sainambi padha dolanan.

Tembang dolanan iku nduweni sipat kang seneng. Mula, tembang dolanan ndadheake ati bungah. Tembang dolanan bisa kanggo panglipur ati. Sakliyane iku, tembang dolanan uga ngemot piwulang kang becil.

Tembang dolanan iku kalebu tembang reripta gagrak anyar. Cirine tembang reripta gagrak anyar yaiku ora nganggo paugeran. Paugeran kasebut kayata guru lagu, guru gatra lan guru wilangan.

Tembang dolanan kadhangkala ditembangke dening waranggana. Waranggana yaiku wong kang pagaweyane nembang. Waranggana nembang ing jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Ing ngisor iki contone tembang dolanan kang kerep ditembangke bocah-bocah.

  1. Lir-Ilir
  2. Gundhul Pacul
  3. Gajah-Gajah
  4. Cublak-Cublak Suweng
  5. Kidang Talun
  6. Menthok-Menthok
  7. Padhang Bulan
  8. Pitik Tukung
  9. Siji Loro Telu
  10. Jaranan
  11. Dhondong apa Salak

Ing ngisor iki salah sawijining tuladha tembang dolanan "Pitik Tukung"

Pitik Tukung
Aku nduwe pitik, pitik tukung
Saben dina, tak pakani jagung
Petok gogok petok petok ngendhog siji
Tak teteske, kabeh trondhol dhol dhol 
Tanpa wulu, megal-megol gol gol gawe guyu

Demikianlah penjelasan singkat mengenai Tembang Dolanan dan Contohnya. Semoga bermanfaat. Jangan lupa subscribe dan bagikan. Terima kasih.


Sunday, November 19, 2017

Contoh Pidato Bahasa Jawa : Ki Pandhan Arang

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Dewan Juri ingkang kulo hormati, Bapak saha Ibu Guru ingkang kulo hormati, lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani. Kepareng kulo badhe ngaturaken cerita kanthi irah-irahan Dhumadine Kutha Salatiga.

Sing dadi adipati ing Semarang aran Ki Pandhan Arang. Ki Pandhan Arang kondhang sugihe, sugih mas, picis raja brana. Ki Pandhan Arang bebudene ora becik. Watake seneng ngagung-ngagungake kasugihane seneng pamer, cethile ora jamak. Uripe mung kanggo golek bandha lali ngibadahe.

Ngerti kahanan kaya mengkono mau, Sunan Kalijaga kepengin banget ngelingake. Sunan Kalijaga memba-memba dadi bakul suket. Sajrone tawa nyambi menehi piwulang becik. Dhuwit tukone tansah dibalekake sarana di dhlesepake ana tali bongkokan suket. Meh saben dina nyetori suket pakan jaran karo menehi piwulang.

Kabeh piwulange ora ana sing cumanthel, babar blas ora digatekake. Wusanane Sunan Kalijaga  sing memba-memba dadi bakul suket matur yen bisa gawe emas saka lemah. Gandheng uripe  mung ngawula bandha Ki Pandan Arang kepengin banget mbuktekake kasektene bakule suket. Ki Pandhan Arang njupuk pacul dipasrahake marang bakule suket. Bakule suket wiwit macul, sapaculan lemahe dadi emas, sapaculan lemahe dadi emas. Ki Pandhan Arang nggumun banget karo kasektene bakul suket. Saking nggumune dheweke meneng kamitenggengen.

Bakule  suket mung mesem karo kandha yen dheweke sejatine Sunan Kalijaga . Krungu mangkono Ki Pandhan Arang ngoplok sanalika banjur ndheprok, sujud nyembah karo nyuwun ngapura. Ki Pandhan Arang rumangsa dosa, rumangsa salah sajrone dadi adipati ora mikir rakyate. Dheweke tobat ora kepengin dadi adipati, arep maguru maneh. Gandheng tilas muride Sunan Kalijaga maringi pangapura lan nyaguhi maringi piwulang maneh nanging mapane ana Jabalkat. Syarate mung siji, ora kena nggawa bandha sethithik wae, kabeh kudu ditingal.

Sawijine dina nalika arep mangkat menyang Jabalkat, garwane ndhelikake mas-masan lan inten ana njero teken sing arep digawa. Esuk bubar subuh wong telu mangkat lakune mangidul. Tekan sawijining papan ing tengah alas garwane Ki Pandhan Arang  krasa kesel banjur leren ana ngisor uwit. Tekene dikekep kenceng wedi yen ilang. Ora let suwe ana wong telu njaluk bandhane klebu tekene garwane Ki Pandhan Arang ora bisa bangga kabeh sing dijaluke diwenehake. Bubar kuwi bengok kang mas...kang mas...tuluuung...! Tulung, wonten tiyang salah! Tiga!” Nalika Ki Pandhan Arang ndangu apa wae sing dibegal.

Bareng wis pirsa banjur ngendika, “Kabeh kudu kokeklasake. Mas-masan, inten utawa bandha kuwi mung titipan kabeh, mung sarana ana donya. Kalah ajine karo tumindak becik. Seneng tetulung marang sapadha-padha. Sunan Kalijaga mung manthuk-manthuk, remen penggalihe banjur ngendika, “Suk yen ana rejane jaman papan kene iki becik dijenengake salahtiga.” Sakiki papan mau jenenge dadi Salatiga.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Friday, April 22, 2016

Dhumadine Kutha Salatiga

Halo apa kabar para pengunjung Catatan Callysta?

Pada kesempatan yang lalu saya telah berbagi informasi terkait dengan Materi Penjasorkes yaitu tentang Permainan Kasti. Nah kali ini saya akan berbagi informasi tentang materi Bahasa Jawa yang berjudul Dhumadine Kutha Salatiga. Yuk kita simak bersama.

Dhumadhine Kutha Salatiga

Sing dadi adipati ing Semarang aran Ki Pandhan Arang. Ki Pandhan Arang kondhang sugihe, sugih mas, picis raja brana. Ki Pandhan Arang bebudene ora becik. Watake seneng ngagung-ngagungake kasugihane seneng pamer, cethile ora jamak. Uripe mung kanggo golek bandha lali ngibadahe.

Ngerti kahanan kaya mengkono mau, Sunan Kalijaga kepengin banget ngelingake. Sunan Kalijaga memba-memba dadi bakul suket. Sajrone tawa nyambi menehi piwulang becik. Dhuwit tukone tansah dibalekake sarana di dhlesepake ana tali bongkokan suket. Meh saben dina nyetori suket pakan jaran karo menehi piwulang.

Kabeh piwulange ora ana sing cumanthel, babar blas ora digatekake. Wusanane Sunan Kalijaga  sing memba-memba dadi bakul suket matur yen bisa gawe emas saka lemah. Gandheng uripe  mung ngawula bandha Ki Pandan Arang kepengin banget mbuktekake kasektene bakule suket. Ki Pandhan Arang njupuk pacul dipasrahake marang bakule suket. Bakule suket wiwit macul, sapaculan lemahe dadi emas, sapaculan lemahe dadi emas. Ki Pandhan Arang nggumun banget karo kasektene bakul suket. Saking nggumune dheweke meneng kamitenggengen.

Bakule  suket mung mesem karo kandha yen dheweke sejatine Sunan Kalijaga . Krungu mangkono Ki Pandhan Arang ngoplok sanalika banjur ndheprok, sujud nyembah karo nyuwun ngapura. Ki Pandhan Arang rumangsa dosa, rumangsa salah sajrone dadi adipati ora mikir rakyate. Dheweke tobat ora kepengin dadi adipati, arep maguru maneh. Gandheng tilas muride Sunan Kalijaga maringi pangapura lan nyaguhi maringi piwulang maneh nanging mapane ana Jabalkat. Syarate mung siji, ora kena nggawa bandha sethithik wae, kabeh kudu ditingal.

Sawijine dina nalika arep mangkat menyang Jabalkat, garwane ndhelikake mas-masan lan inten ana njero teken sing arep digawa. Esuk bubar subuh wong telu mangkat lakune mangidul. Tekan sawijining papan ing tengah alas garwane Ki Pandhan Arang  krasa kesel banjur leren ana ngisor uwit. Tekene dikekep kenceng wedi yen ilang. Ora let suwe ana wong telu njaluk bandhane klebu tekene garwane Ki Pandhan Arang ora bisa bangga kabeh sing dijaluke diwenehake. Bubar kuwi bengok kang mas...kang mas...tuluuung...! Tulung, wonten tiyang salah! Tiga!” Nalika Ki Pandhan Arang ndangu apa wae sing dibegal.

Bareng wis pirsa banjur ngendika, “Kabeh kudu kokeklasake. Mas-masan, inten utawa bandha kuwi mung titipan kabeh, mung sarana ana donya. Kalah ajine karo tumindak becik. Seneng tetulung marang sapadha-padha. Sunan Kalijaga mung manthuk-manthuk, remen penggalihe banjur ngendika, “Suk yen ana rejane jaman papan kene iki becik dijenengake salahtiga.” Sakiki papan mau jenenge dadi Salatiga. 

Demikian informasi singkat mengenai cerita asal usul kota Salatiga dalam Bahasa Jawa yang berjudul Dhunadining Kutha Salatiga. Semoga bermanfaat. Silhkan share ke teman-teman anda dan jangan lupa tinggalkan komentar demi kemajuan blog ini.

Monday, December 3, 2012

Contoh Geguritan : Dadi Tekadku

Apa kabar para pengunjung Catatan Callysta

Pada kesempatan yang lalu, saya telah berbagi tulisan yang berjudul Invitation. Nah, pada kesempatan kali ini, saya akan berbagi tulisan kaitannya dengan Materi Bahasa Jawa, yaitu Contoh Geguritasn : Dadi Tekadku

Dalam bahasa Jawa kita juga mengenal yang namanya puisi. Puisi dalam bahasa Jawa biasa disebut Geguritan. Berikut ini saya berikan contoh Geguritan (Puisi dalam Bahasa Jawa). 

Dadi Tekadku

Aku kudu bisa
Gawe rena biyung lan bapa
solah bawa luhur
Mendhem jero lan mikul dhuwur

Aku kudu sida
Golek ngelmu kanggo sangu
Ngranggeh gayuhan impen-impenku
Gawe mongkog rama lan ibu

Aku kudu kuwawa
Madhep mantep ing kalbu
Tansah eling nalika lumaku
Supaya padhang lan barokah uripku

Aku kudu bisa, sida lan kuwawa ...
iku tekadku ...

Kapethik saka : 
Logika Bahasa Jawa (Piwulang Basa Jawa) SD/MI Kelas IV. 2012. Viva Pakarindo

Demikianlah penjelasan singkat mengenai Contoh Geguritan : Dadi Tekadku. Semoga bermanfaat. Jika menurut anda tulisan ini bermanfaat, silahkan tulisan ini dan jangan sungkan-sungkan untuk meninggalkan komentar.