Propellerads

Translate to your language

Wednesday, May 15, 2019

Tembang Dolanan "Dhondong apa Salak" dan Maknanya

Halo apa kabar sahabat Catatan Callysta.

Kemarin, anak saya yang kelas 3 SD bertanya tembang bahasa jawa yang berjudul Dhondong apa Salak termasuk dalam tembang macapat apa dolanan. Lalu dia juga bertanya pesan apa yang terkandung dalam tembang tersebut.

Nah, pada kesempatan kali ini saya akan membahas sedikit tentang Tembang Dolanan Dhondong apa Salak dan makna yang terkandung di dalamnya. Tentu topik ini merupakan salah satu dari materi yang harus dikuasai oleh siswa pada mata pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa atau Seni Suara Jawa. Langsung saja, yuk kita simak bersama.

Tembang ing bahasa jawa kuwi cacahe ana 2, yaiku tembang macapat lan tembang dolanan. Tembang dolanan bisa ditegesi minangka tembang kang ditembangke dening bocah-bocah sainambi padha dolanan.

Tembang dolanan iku nduweni sipat kang seneng. Mula, tembang dolanan ndadheake ati bungah. Tembang dolanan bisa kanggo panglipur ati. Sakliyane iku, tembang dolanan uga ngemot piwulang kang becik.

Tembang dolanan iku kaperang dadi loro, yaiku tembang dolanan gagrak anyar lan gagrak lawas. Cirine tembang reripta gagrak anyar yaiku ora nganggo paugeran. Paugeran kasebut kayata guru lagu, guru gatra lan guru wilangan.

Tembang dolanan kadhangkala ditembangke dening waranggana. Waranggana yaiku wong kang pagaweyane nembang. Waranggana nembang ing jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Tembang dolanan lumrahe dinyanyeake dening bocah-bocah sinambi dolanan bebarengan. Nembangake tembang dolanan bisa gawe ati bungah amarga tembang dolanan nduweni sifat seneng.
Salah sawijining tulodha tembang dolanan yaiku Dhondong apa Salak

Dhondong apa Salak

Dhondong apa Salak
Dhuku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak
Mlaku thimik-thimik

Tembang Dhondong apa Salak nduwe makna kanggo tulodho urip. Tembang Dhondong apa Salak nyritakake bab buwah yaiku Dhondong lan Salak kang nduweni kulit lan isi kang beda wujude. Ateges nduweni sikap iku kudu jujur, kaya buah dhuku sing nduweni kulit lan isi alus.

Andhong iku lakune nganggo tenaga kewan, becak lakune naganggo tenaga manungsa. Dadi manungsa kudu nduweni sikap kang mandiri. Kudu iso mlaku dewe alon-alon ora gumantung marang wong liyan.

Demikianlah penjelasan singkat mengenai Tembang Dolanan Dhondong apa Salak. Semoga bermanfaat.