Propellerads

Translate to your language

Thursday, January 24, 2019

Materi Bahasa Jawa : Tembang Dolanan dan Contohnya

Halo apa kabar sahabat Catatan Callysta.

Beberapa hari yang lalu, anak saya bertanya tembang dolanan itu apa. Lalu dia juga tanya contoh-contoh tembang dolanan.

Nah, pada kesempatan kali ini saya akan membahas sedikit tentang Tembang Dolanan dan Contohnya. Tentu topik ini merupakan salah satu dari materi yang harus dikuasai oleh siswa pada mata pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa atau Seni Suara Jawa. Langsung saja, yuk kita simak bersama.

Tembang ing bahasa jawa kuwi cacahe ana 2, yaiku tembang macapat lan tembang dolanan. Tembang dolanan bisa ditegesi minangka tembang kang ditembangke dening bocah-bocah sainambi padha dolanan.

Tembang dolanan iku nduweni sipat kang seneng. Mula, tembang dolanan ndadheake ati bungah. Tembang dolanan bisa kanggo panglipur ati. Sakliyane iku, tembang dolanan uga ngemot piwulang kang becil.

Tembang dolanan iku kalebu tembang reripta gagrak anyar. Cirine tembang reripta gagrak anyar yaiku ora nganggo paugeran. Paugeran kasebut kayata guru lagu, guru gatra lan guru wilangan.

Tembang dolanan kadhangkala ditembangke dening waranggana. Waranggana yaiku wong kang pagaweyane nembang. Waranggana nembang ing jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Ing ngisor iki contone tembang dolanan kang kerep ditembangke bocah-bocah.

  1. Lir-Ilir
  2. Gundhul Pacul
  3. Gajah-Gajah
  4. Cublak-Cublak Suweng
  5. Kidang Talun
  6. Menthok-Menthok
  7. Padhang Bulan
  8. Pitik Tukung
  9. Siji Loro Telu
  10. Jaranan
  11. Dhondong apa Salak

Ing ngisor iki salah sawijining tuladha tembang dolanan "Pitik Tukung"

Pitik Tukung
Aku nduwe pitik, pitik tukung
Saben dina, tak pakani jagung
Petok gogok petok petok ngendhog siji
Tak teteske, kabeh trondhol dhol dhol 
Tanpa wulu, megal-megol gol gol gawe guyu

Demikianlah penjelasan singkat mengenai Tembang Dolanan dan Contohnya. Semoga bermanfaat. Jangan lupa subscribe dan bagikan. Terima kasih.